cerpen
Serngenge wayahe bambang
kulon, nyebar cahya layung sore warna kuning kaemasan, sadurunge kelelep
diuntal jagat peteng. Mega ning awang-awang katone surem mencrang kenang cahya
werna abang kaya murube geni ning pawon. Godong-godong garing pada rigel coplok
sing pang-pange pekayon lan kabur kanginan kegawa kumlayang mabur. Gegodongan
liyane
ijo-malijo ning pang-pange pekayon kenang udan rendengan.
[Cerpen] Angin Rendeng
![]() |
Photo by Agus Purnomo |
Ning desa Tugu kesawang
adem ayem, kesaksen ning Nok Carsinih sing lagi dodok anteng ning saduwure
klasa. Pikiran bli karuan kelingan kasih pujaan, kelingan ning jangji jam papat
Mas Sondet arep marek mene. Lamunan pikiran wis ora sabar ngenteni wong lanang
sing dadi gandulane ngati, wis bli sabar pengen ketemu. Kelingan waktu sing
dingin dodok bareng madu jangji seiya sekata.
Kesawang sing kadoan ana
wong mlaku, limbeyane persis pisan kaya Mas Sondet. Keker awake, rambute rada
dawa, klambine warna ireng. Saya parek saya jelas, jelas katon ning mata, ora
salah maning yen kuen Mas Sondet.
"Sabenere bae mas kuh
arep apa wingi ngomong sampe serius pisan pengen kanda"
Ngului kanda mbari ngambung tangane Sondet.
"Nok wong ayu, sing dadi
kembange ati, Nok Carsinih siji sing langka padane, Mas arep lunga kobengi? sorote mata
mendelik kebek tinemenan.
"Miyang mendi mas,
nok melu ya!" rengekane Carsinih pengen dijak melu
mangkat bareng.
"Miyange reang bli
kanggo selawase, salah sijine dina pasti reang balik maning"
Drung pragat ngomong Sondet langsung dirangkul ning Carsinih, matane limbangan
bli rela deweke pisahan karo demenane. Sondet mbari nrima rangkulane Carsinih
sing ruket tiba ning dadane, ngucap maning.
"Uwis nok, pepisahan
kien aja ditangisi, coba mikira sing bagus, mbokat wis kersane pengeran reang
lan nok kudu pisah sementara. Pepisah kien reang yakin wujude cinta lan emane
mas ning nok, supaya bisa tepung dadi sawiji."
Aja sampe kedrawasen ketuwone, Sondet narik megot awake Carsinih, nguculaken
rangkulane sing kenceng pisan.
"Apa bener omongane
mas?
"Pancen prasetya ing
janji, bli bakal sulaya wong ayu. Mumpung langit bumi melu nyakseni, delengen
kesawang godong gedang wewalean."
"Mas Sondet, apa kudu
mengkenen ya wong lagi tresna, wong lagi demen-demene, kudu pisahan dingin,
abot mas.....Nok bli bisa pisah karo mas Sondet"
"Mas mangkat pengen
bisa uripe rada ningkat, pengen kaya batur, uripe makmur, enak kesawange lagi
ning duwur. Balik oli rejeki gede sing percaya mas bakalan naleni nok Carsinih
anake sema Darinih" Mesem....njiwit pipine
Carsinih sing dadi abang kawirangen.
"Hhe...ia mas, Nok
bakalan ngenteni"
"Rong taun maning mas
pasti mene maning gawa rombongan wong lamar. hehe....? Ati-ati sing pinter jaga
diri ya. Mas sayang Carsinih."
Sondet mundur, pamit
kondur permisi. Mlakune abot pisan, sapisan clinguk maning mengguri. Nembe oli
sepuluh langkah, deleng maning ning guri.
"Kesawang tambah ayu
bae Carsinih. Akhh....betah bli reang mengkone."
pikire Sondet.
Saya suwe, saya adoh.
Sondet dedeg pangadege tambah kurang jelas, ning pengkolan arep awake sondet
wis bli katon. Carsinih manjing kamer.
Pikire sing bli karuan melu dibaturi
suara kodok lan jangkrik sing pada gumarenggeng. Tanda bengerep wis teka. Sondet
ngumbar janji Carsinih setia nonggoni.
***
***
Via
cerpen
Posting Komentar