Jare
wong ngomong gedang rasane enak jeh !! Apamaning gedang raja nangka, ya gede ya
manis ya pulen ya wareg. Lantarane krana gedang kandungan gizine akeh protein
lan karbohidrate.
Efek
wong tas mangan gedang langsung bisa krasa. Bayi sing cilik mentik gah yen tas
didulangi gedang, langsung bae kesenengan, aktif.
Jare
reang, wong lanang kuh bli bedane lan woh gedang. Wong lanang kuh kaya gedang,
dudu krana duwe "gedang"?
Kewilang
woh sing bli atos lan ning jerone alus pulen pisan. Bli bedane karo wong
lanang, katone bae akas lan gawe ngeri. Padahal sekali diremes gah langsung
lemes. Hahhaha.
Yen
gedang enak, wong lanang sih enak bli ya?
Ngomongaken
soal wong lanang, pasti ana ubungane karo ihwal kejantanan lan kesejatian. Apa
sih sing aran lanang sejati? Apa sih sing aran lanang jantan? Apa awak empag
lan keker? sing dadi jaminan kesebut lanang jantan. Apa sing ebat ning ranjang
lan pinter ngrayu? Sing jamin wong lanang bisa kesebut jantan.
Apa
kudu duwe "gedang raja nangka" sing gede ya dawa. Aduuuuuuuuhh !!
Coba sih !! Apa kuwen sing gawe wadon ketarik lan mareki?
Kabeh
mau sing disebutaken, apa dadi gawe "lanang jantan" ning mata wadon.
Apa kuwen sing gawe wadon bisa demen?
Ana sing duwe keluwihan soal materi, mampu bayari
lan nukukena apa bae, nawaraken bisa ngupai macem-macem barang mewah, mobil
mewah, lan umah mewah. Apa bisa gawe wadon seneng, apa gawe wadon malah ngrasa
hina pisan. Lah sih, kitane wadon apaan? Rega dirine diurup karo maneka werna
barang mewah sing disebutaken mau.
Apa
lanang sing nawaraken diri, getih seger lan rosa. Nunjukaken jantan klawan pisike
sing masih kebek tenaga lan perkasa. Ngakune gedange dawa lan gede, bisa suwe
sampe jam-jaman. Ampuuuuun, hahhaha.
Sing
pamungkas, ana sing ngaku ngaksi katon pinter lan cerdas, ya alim ya baik hati.
Mending yen asline pinter bin cerdas, yen asline bloon. Katon pisan dlebuse,
wirang-wirangaken bae. Sing katon alim menengan lan wonge baik hati. Jare
wadone, nyurigakena. Apa ana sih jaman sekien wong sing sempurna.
Tobaaaaaaaaaaaaat.
Dadi,
sing asline kesebut lanang sejati bin jantan kuh sing kayang apa ya? Kekandaan
soal wong lanang, gedang, jantan, lan sejati. Bisa disimpulaken mengkenen.
“Sewijine
lanang sing kesebut sejati bin jantan, sanalika oli apa sing tek sebut “elusan
wadon”. Wong lanang kuh dilairaken, ngembang, lan digedeaken ning momongane wadon.
Kanggo dadi sejati bin jantan kuh butuh lan perlu sewijine wadon sejati uga.
Sebab, sing aran lanang kuh bli bedane woh gedang. Yen woh gedang ya dadi woh
gedang bae, aja pengen dadi woh-wohan sejen. Mampan wong wadone gah doyan lan
seneng ning gedang. Dudu lantaran wong lanang pancen duwe gedang”.
***
Sumber Photo :
https://indahwatisetiakawan.files.wordpress.com/2012/11/bananes.jpg
https://indahwatisetiakawan.files.wordpress.com/2012/11/bananes.jpg
gedang keramat sing gal bengi jumah ngramat!!
BalasHapushehhee, gedang doyan?
Hapus