Dadi guru reang nyoba ngembangaken
sifat-sifat sing diprogram kanggo kepribadiane. Ora bagus bocah terus-terusan
belajar. Dolan gah pada posisine penting. Mampan sebenere kudu imbang. Dolanan
gawe bocah bisa kembul [adaptasi] lan lingkungane. Yen sering dolan bisa gawe
bocah ora mentingaken dirie dewek [Sikap Individualis].
Waktu dolanan saban kumpul bocah gawe
aturan-aturan dewek. Bab mengkenen bagus kanggo pengembangan sifat tanggung
jawab & disiplin. Aja heran ana istilah di-oja [ora dibaturi] yen salah
siji bocah ora na'ati aturan sing digawe kumpulan dolan mau. Masih akeh
sebenere manpangate, mung cukup telu bae dingin. Mengko gampang sejen waktu.
***
Posting Komentar
Posting Komentar