Wong nandur pari bae lurue bibit sing unggul.
Sewise nebar, winih diopeni supaya dadi bibit sing mulus. Jaman 21 dina diraksa
terus.
Ora bedane reang ngajeni rabi, Nyonya Panqi.
Bahwasane raksa jabang ora bae lewat medis, nanging uga kelawan puja-puji
donga. Bab mekonon angrupakena wujud dawuhe Gusti Allah ning Surat al-Furqan
ayat 74.
"Ya Gusti, satemene sukanana maring kula
rabi lan turunan ingkang saged bebungah ati lan pikiran. Lan dadikena kula
saged mingpin keluarga kadue tiyang sing takwa maring panjenengan".
Bisane meteng miturut asal mulane ana rong
macem. Siji, kamasala yaiku jabang sing dihasilaken karo dalan ora bener.
Sewaktu lakon lahire Buta Kala, wujude bisa denawa krana Betara Guru maksa Dewi
Uma ngladeni nafsune.
Dewi Uma nolak, bahwa ora pantes sejatine
raja tribuana rerabi ning dalan mbari numpak Lembu Andini. Beju Betara Guru
netes meng segara, ngedadian Buta Kala.
Kepindo, asmaragama yaiku etika rerabi kadue
karo soma sing dipadetaken ning wujud anak putu semar. Ajarane bentuk
cangkriman yaiku :
1. Semar, yen mesem aja samar. Yen arep
rerabi aja akeh polah. Aja anggo basa isip sindir. Ceb-ceb.
2. Bagong, amba gawe plong. Kudu ning
tempat-tempate, ora akeh ora kurang. Pas.
3. Gareng, mangga bareng ngrengreng.
Kepengenan wong loro. Ngrangcang bareng.
4. Cungkring, yen wis ngacung mlangkring. Yen
wis tangi gage gancang dianjingaken.
5. Curis, mancur sing aris. Beju dietokena
ning njero, aja diblarat ning jaba.
6. Bitarota, naro bibit sing rata. Gawe bibit
sing bagus.
7. Ceblok, nanceba ning seblok. Kudu setia
wong lakirabi.
8. Duwala, aja padu aja ala. Aja tukar aja
nyalah.
9. Bagal buntung, yen gagal mengko cacad.
Punika wujud surprise teaching dening Sunan
Panggung sing keimpen saking Surat al-Baqarah ayat 223.
***